02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

387

410. Kuswanalendra : Mbiyantu aku...iya...mbok anggep aku iki bocah

cilik, kalah trus keplayu ngono… aku

ngono sik wani.

411. Semar : Den…kersane empun direwangi, kersane..mangga

bandha nontok mawon.

412. Bagong : Nggih den la napa ngreken. Turu-turu napa’a.

Arek ngoten niku bah digepuki uwong

bah ora. Lha nek kono iku kalah iku ma, atiku

iku surak hare…aku nde lok thok ae gak

keduga iku…

413. Kuswanalendra : Gong…..

414. Bagong : Nun…..

415. Kuswanalendra : Ngomong apa.

416. Bagong : Ee…..ningali ndara niki wau kok digdaya.

417. Kuswanalendra : Waah.koen iku kok mencla-mencle Gong

omongmu, Gong...umpama aku mengko

unggul ing jurit, Sumaliwati bakal dadi jodhoku.

Cethane dadi garwaku.

418. Berjanggapati : Kangmas, kula sabiyantu punika mboten kok

lajeng mangke yen kula mangke mimpang,

Sumaliwati miwah Negari Purwacarita kula

ingkang gadhah. Ning sadaya kala wau badhe

kula aturaken kakang Kuswa minangka

tandha tresna kula dhateng sedherek sepuh.

419. Kuswanalendra : Oo… lek awakmu menang, ganjarane…..

420. Berjanggapati : Nggih katur panjenengan

421. Kuswanalendra : Kanggo aku…….

422. Berjanggapati : Inggih kakangmas…

423. Kuswanalendra : Ya embuh lek ngono….. ya, ya. Nanging yen

nganti ora bisa ngalahna Prabu Jalawalikrama

aja takon dosamu. Pedhote gulumu totohane.

Kaya ngapa……

424. Berjanggapati : Inggih purun.

425. Kuswanalendra : Gelem !!!

426. Berjanggapati : Purun kakangmas.

427. Semar : Wah… kok cik luhure le… budine bendaramu

Berjanggapati. Lek kalah iku lak ya dipateni.

428. Bagong : Lha ndara Berjanggapati iku gak oleh gawe

tolek gawe kok maa…wak..nganggur-nganggur

jebolana jenggotku apa’a, tak elem-

Timbang mbiyantu dulure wong kaya ngono.

429. Kuswanalendra : Maguta ana palagan perang, aja ndadak kedaluwarsa

aku njaluk bukti sirahe Jalawalikrama

aturna ana ngarepe pun kakang.

430. Berjanggapati : Nyuwun tambahing pangestu.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!