02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

372

Yen ndara niki pun…. Mboten wonten bentenipun

kaliyan keng rama ugi keng eyang. Ae….

nek keng raka niku kok kados mboten cocog

lek dados putra Durjanapura. Watake, lagak

lagon lageyane, kalih wong tuwa nggih mboten

wonten sopane, niku siyen ya’ napa anggone

nggulawenthah.

256. Berjanggapati : Ala dikaya ngapa wong sedulur, siti reka toya

reka salira panatasing tunggal. Semar, sapa

iso medhot iline banyu prasasat isa medhot

sedulur, ewa diewa dak ulati, lara bareng ngrasakna

mukti bareng ngawibawa.

257. Semar : Ngaten den….

258. Berjanggapati : Iya wa semar, mula ayo dherekna lakuku aja

nganti kedadak kadaluwarsa, daya-daya

ndang kepanggih kakang Kuswa.

259. Semar : Wa… yen ngaten suwawi ndara, kula dherekaken

den . . .

Ringgit kabedhol setunggal-setunggal wiwit berjanggapati, semar

besut lan bagong, kalampahaken mangiwa. Satelasing ringgit nuli

bendhengan/ada-ada terus pocapan, sinambi nglampahaken kayon

mangiwa marambah-rambah.

Bendhengan

5 5 5 5 5 5 5 5 5 2 3 2 2 2 2 2 3-21

Punta sayuta, njegidheg budheng awor alang-alang, o

3 3 3 32 2 5 6 1 12 1 65 5 5 5

Sisik treng gi-ling, kebo sapi sak pirang-pirang

2 2 35 2

Umpak: Jahning u - jan . . .

(Kalajengaken Waranggana)

Balungan : - - - 2 - 3 5 - 5 6 5 2 - 1 6 5

Pocapan

Gya lumaksana Raden Berjanggapati, nilaraken papan rame manjing

telenging minangsraya mbrasak alas ri bebondhotan. Candrane

wong manjing jroning wana akeh kekayon kebak tanpa sela. Wernawerna

arane kayu. Giro-giro kayu Sawo, Gelaran kayu Suren, Kepet

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!