02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

383

374. Kuswanalendra : Lha sliramu ‘ki putra nalendra. tekadmu endi

dene negaramu dijarah rayah dening wong

manca negara kok meneng ae, wong nomnoman

sik bagus, sik gagah ngene kok cik

bodhone sliramu iki. Apa lila negaramu diicak-icak

wong manca negara.Tekadmu endi

Sumalintana…!

375. Bagong : Lho ya’ apa cik slorone arek iku ma… kandhanana

ma, ya’ apa wong putra ratu hare,

dituding-tuding ngono.

376. Semar : Wis deloken ae nak..deloken ae, cacak ya’ -

apa mengko dadine.

377. Sumalintana : Ngene raden, wis ora kurang-kurang anggonku

mbebela. Nanging wruhana Jalawalikrama

ngluwihi manungsa lumrah kadigdayane.

Sasat dewa ngejawantah, wadya bala

wis kapracondhang saka palagan, rama prabu

ngutus supaya aku ngupadi sraya.

378. Kuswanalendra : Golek sraya, tegese golek sanjata pitulungan.

379. Sumalintana : Iya bener raden, mula tiwas kebeneran aku

ketemu raden sakarone ana kene, aku njaluk

sanjata pitulungan marang raden sakloron,

undurna nalendra saka Sunggela Manik.

380. Kuswanalendra : Aku mbok jaluki tulung….??

381. Sumalintana : Iya.

382. Kuswanalendra : Wong nyambut gawe iku ana ongkose. Ongkose

apa Sumalintana…

383. Bagong : Kandhanana ma, ndara Rama biyen iku lek

nulungi uwong, rame ing gawe sepi ing pamrih

ma…

384. Semar : Gak kenek le…ndaramu Kuswa nek wis ngono

iku..wis deloken ae naak, dielingna gak

kenek, seje karo bendaramu Berjanggapati..

385. Berjanggapati : Kangmas…., mangga dipun aturi sanjata pitulungan,

ampun taken bab ganjaran, kakang

386. Kuswanalendra : Heh.. nek gak melok, balik-a…. balik !!! ngridhu-ridhuni

laku ae. Aku nyirnakna raja angkara

Ratu Sunggela Manik iku, tekad-e nek

gak menang ya kalah, yen kalah tartamtu

mati. Yen ora oleh ganjaran ya’ apa heh..ora

entuk bebungah… luwung nganggur apa’a.

387. Bagong : Ngono kok urip arek iki….. ah, ya’ apa.

388. Semar : Menenga ae nak, koen ngko ditaboki lho le,

wong tuwa ditaboki arek enom ndang, ngre-

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!