02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

337

nan, wancine Sang Dewangkara mangklung kilen wangsul dhateng

kandhange piyambak-piyambak cinandra golong-golong mangetan,

golong-golong mangulon tan ana kang kacicir ing dalem sajuga. Ripah

werdine para bangsa manca ingkang bebara dhateng Negari

Purwacarita candrane jejel riyel pipit aben cukit tepung taritis, papan

jembar katingal rupak, ratan jembar katingal ciut saking kathahing

para warga.

Pramila yen cinandra Negari Purwacarita dhasar negari ingkang

jero tancepe, jembar wewengkone, padhang jagade, adoh kuncarane.

Ewadene saking manca praja tlatah sabrang kathah nalendra

ingkang sami sumuyut datan karana ginebag ing prang amung

kayungyun pepoyaning kautaman. Pendhak warsa kathah ingkang

samya asok abon atur bulu bekti wujuding guru bakal guru dadi, peni-peni

raja peni. Wonten ingkang saweneh ngaturaken wanodya

ingkang endah-endahing warna minangka tandha panungkul.

Dhasar negari ingkang kahayoman mring dewa jinangkung

dening para Jawata sajagad rad pilih tandhinge, inggih awit para

among praja tansah manunggal tekad kalayan para warga gumregut

sengkut nggennya amangun negari kanthi manunggaling cipta rasa

budi lan karsa ndadosaken Negari Purwacarita negari ingkang kondhang,

negari ingkang sinungkanan dening nalendra manca praja.

Lah sinten ta ingkang jumeneng nalendra ing Negari Purwacarita.

Dasa asmaning sang prabu, dasa Sepuluh asma kekasih,

bebasan yen ta dewa bebisik, pendita apeparab, yen ta wanara pradegsa,

yen ta buta ditya, yen nalendra jejuluk, manungsa awujud.

Anenggih ta punika wewujudanipun Sang Prabu Sumalidewa, jejulukipun

Nalendra ing Purwacarita. Cinandra nalendra ingkang mahambeg

paramarta berbudi bawaleksana. Asih mring sapadha-padha,

mranata kanthi arip lan wicaksana pantes dadya pandam pangayubaning

para warga, awit sang nata tansah anuhoni sesantining

nalendra utami, nenggih ta tanuhita, darmahita, danahita, lan sarahita.

Nadyan ta sampun kaduk yuswa Nalendra Purwacarita taksih kiyat

anggenipun ngembat pusaraning praja, ndadosaken Negari Purwacarita

ayem, ayom, ageng tur agung.

Nalika samana sang prabu lagya mapan wonten madyaning

paseban lenggah ing kursi gadhing dhampar dhenta kang linemekan

babut prang wedani den apit mbok emban cethi nata gandhek kaungkulan

teja kapituhu, ngagem busana keprabon ingkang sinulaman

sarwa benang kencana, mancorong cahyane ageng daya prabawane,

cinandra saking mandrawa kadya ilang kamanungsane yayah

Bathara Endra angejawantah. Nampi sowanipun ingkang abdi

Rekyana Patih Mangkupraja ingkang katingal sendheku amarikelu sila

tumpang ngapurancang tumangklung jangga pindha konjem ing

pratala wadanane, nggennya angrantos dhawuhipun ingkang sinuwun

Prabu Sumalidewa.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!