02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

341

dalem patih katimbalan wonten ing ngarsa sajak

wonten wigatos ingkang kedah kula embun

dhawuh panjenengan dalem sinuwun.

11. Sumalidewa : Yayi patih.

12. Mangkupraja : Dhawuh dalem sinuwun.

13. Sumalidewa : Mangkene patih, pancen ana wigati kang kudune

ingsun babaraken ing pasiniwakan kene.

14. Mangkupraja : Kawula noknon inggih sinuwun, bab punapa

kula aturi paring dhawuh, menawi kemawon,

mangke mboten ketang saklimah ingkang abdi

saget atur wawasan konjuk wonten ngarsa

panjenengan dalem. Nanging wiwit purwa madya

wasana ing perseban, gusti kula mboten

enggal paring dhawuh, tansah mendel kewala

wonten palenggahan, nekep jaja nyakep lathi

sakedhap-sakedhap unjal ambegan kados

wonten ingkang dipun kersaaken nanging dereng

kababar. Sinuwun menawi kepareng enggal

kababara punapa kang dados nenging ndriya

sinuwun…..

Sendhon Laras Slendro Pathet Sepuluh

1 1 1 1 1 61 5 5 5 5 5 56 6 21 - 21216

Sumedhoting ti - yas, kadya kaleyanging ron, O…, O

1 2 2 2 2 2 2 2 2 2 21 1 6 65 5 5 2-1216

Kadya ka-le-yanging ron, kang ka-si-lir-ing, sa- mi- ra-na, O…

5 561 561 5 5 323 3

Wasing, tyas, kadya tha – thit

2 3 5 5 5 5 5 32 2 2

Mangkana, alon nggennya a – mu wus

Pocapan

Mendel Sang Prabu Sumalidewa, dupi midhanget aturipun Rekyana

Patih Mangkupraja. Pindha mawut ponang yitma, kados kabingahan

ponang suksma, njengeeer…. wonten ing panangkilan. Punapa darunanipun

dereng kawijiling lesan, ning taksih wonten ing guwa parikena.

Ing panggagasipun Sang Prabu Sumalidewa mboten sanes

amung menggalihaken ingkang putra kekalih, Kusumaning Ayu Dewi

Sumaliwati sumawana Sumalintana. Mangkana ta Sang prabu Su-

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!