02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

393

dewa medal saking tengen tancep siti inggil tengen, kaseba Sumalintana

tancep paseban tengen, Kuswanalendra lan Berjanggapati tancep

paseban kiwa. Gendhing suwuk lajeng bendhengan.

Bendhengan

1 2 3 3 3 3 3 32 2 2 2 2

Sri Rama ya amuwus, a - glis lesmana

6 6 6 3 53 3

Ngembanana dhawuh

1 2 3 3 3 1 21 1 2

Teja tawang teja kuwung, O

Ginem.

470. Sumalidewa : Sumalintana, iki sapa iki.

471. Sumalintana : Inggih Dewaji, punika Putra Durjanapura ingkang

saget ngentasi damel, ngicali kliliping

Purwacarita rama.

472. Sumalidewa : Lha dalah…. apa iya.

473. Sumalintana : Mangga dipun dangu piyambak rama.

474. Sumalidewa : Sliramu sapa raden…

475. Kuswanalendra : Nuwun ingih paman, kula putranipun kanjeng

rama Prabu Berjanggalawa ing Durjanapura,

Raden Kuswa…nami kula paman prabu.

476. Sumalidewa : Lha sing mburi…….

477. Kuswanalendra : Punika adhi kula Berjanggapati..

478. Berjanggapati : Kula ngaturaken sembah pangabekti paman

prabu….

479. Sumalidewa : Ya..tak tampa. Dhasar wayahe Prabu Ramawijaya

ora mokal yen bagus-bagus. Kuswa,

miturut ature Sumalintana sliramu ingkang

bisa gawe patine Prabu Jalawalikrama.

480. Kuswanalendra : Oo..inggih paman, menawi mboten wonten

kula dados naaapa Negari Purwacarita punika.

Nggih tujunipun kok wonten kula, mboten

ngangge ndadak kedaluwarsa Jalawalikrama

kula icak walikatipun mboten saget budi kula

kisas jangganipun pejah sanalika. Ning pejahipun

mboten nilar bebangke, mekrat sakraga-raganipun.

481. Sumalidewa : Dadi tanpa wangke….

482. Kuswanalendra : Nuwun inggih paman….

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!