02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

344

kang gedhe. Ing ngarep wis dak kandhakna

Negara Purwacarita iku negara cilik, aja-aja

anggone tinolak dening bendaramu Sumaliwati

ora bisa nampa banjur ngetapna para wadyabalane,

bendaramu Ayu Sumaliwati banjur rinoyok

rosa rinebut wani, sarana nggepuk negara,

ngrusak pranatan ing Negara Purwacarita,

sepira jembare Negara Purwacarita, sepira

kasantosane wadyabalaku, ora wurunga Negara

Purwacarita bakal dadi opak-opak segara

getih, sarah mayit. Yayi patih, ya iki kang ndadekake

sungkawaning penggalihingsun. Mula

wiwit mau ingsun ora kersa paring dhawuh

marang jeneng sira.

34. Mangkupraja : Inggih.

35. Sumalidewa : Se.. jajal menawa sira bisa atur wawasan marang

panjenenganingsun dak rasakne.

36. Mangkupraja : Sinuwun, yen mboten mangertos dipun paringi

pangertosan punika sampun limrah. Ning sak

wangsulipun. Tiyang mboten purun punika

mboten kenging dipun peksa sinuwun, yen dipun

peksa sinuwun, kados pundi mangke keng

putra Sumaliwati, mboten wandeya badhe kebak

rasa prihatin nadyanta dipun garwa nalendra

gung binathara kados Prabu Jalawalikrama,

kasiksa ing batos sinuwun, tiyang mboten

tresna.

37. Sumalidewa : Nah, awit saka iku yayi patih, iku kang dak kuwatirna.

Mula kanggo tata-tata, ora njagani

elek, nanging kudu siyaga manawa sawayahwayah

ana ora trimane nalendra saka Sunggelamanik,

wadya ing Purwacarita wis siyaga sak

durunge, wis tata-tata sak durunge, ana apaapane

ora nganti nguciwani.

38. Mangkupraja : Mekaten sinuwun.

39. Sumalidewa : Ya…

40. Mangkupraja : Inggih mangestokaken dhawuh, yen ta punika

ingkang dipun dhawuhaken sinuwun, ingkang

abdi Patih Mangkupraja badhe nindakaken

kanthi suka rila legawa. Kula mboten badhe trimah

yen ta Negari Purwacarita dipun jarah rayah

dening nalendra saking manca negari, napa

malih badhe kajongkeng wibawa panjenengan

ndalem gusti kula Prabu Sumalidewa,

badhe kula rencangi pecahe dhadha wutahe

ludira kang wekasan.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!