02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

417

Ginem

680. Sumalidewa : Sumaliwati..

681. Sumaliwati : Wonten dhawuh kanjeng rama.

682. Sumalidewa : Apa iki garwamu.

683. Sumaliwati : Nuwun inggih punika bojo kula rama.

684. Sumalidewa : Wis.. jodho ibarat pati ya ngger, nadyan dikaya

ngapa iki kang nulungi sliramu, biso ketemu

klawan pun rama maneh. Lha jenenge

sapa ngger…..

685. Sumaliwati : Kangmas Reksa Saputra.

686. Sumalidewa : Ngger Reksa Saputra, cundhuk klawan apa

kang dadi dhawuhku biyen, sliramu bakal

dak wisudha jumeneng nata ing Negara Purwacarita

kene. Kaya ngapa nggeer…..

687. Resaseputra : Oo… pangapunten kanjeng rama, kok jeneng

nampik mapan mboten, ning adrenging

manah kula punika kepingin mahambeg

brahmana madeg pendhita. Lha bojo kula niki

keparenga kula boyong dhateng papan kula

wonten ing Guwa Wara Winagun rama,

dene dhampar keprabon kaparingna dhateng

adhi kula pun Sumalintana kemawon.

688. Sumalidewa : Ya… dak lilani, nanging aja enggal-enggal

bali marang Pertapan Guwa Wara Winangun,

lerema saka sawetara ana Negara

Purwacarita kene, ora ketang mung kembul

bojana supaya sineksenan dening para warga

ing Purwacarita.

689. Resaseputra : Ingih ngestokaken dhawuh rama.

690. Sumalidewa : Jejodhoanmu bocah sakloron dak barengi

memuji mring gusti muga niskala nir ing

sambikala, jaya-jaya salaminya…….

T A N C E P K A Y O N

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!