02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

347

52. Sumalidewa : Dados panjenengan ingkang ngutus ingkang

abdi Rekyana Patih Bramangkara kinen ngaturaken

nawala ingkang isinipun nawala panglamar.

53. Jalawalikrama : Inggih leres. Kula ngajengaken putra panjenengan

ingkang pembarep kusumaning ayu Ni

Dewi Sumaliwati. Natkala semanten Rekyana

Patih Bramangkara kautus wangsul ing ndalem

sawetawis saking Negari Purwacarita ingkang

wigatosipun ngrantos wangsulan saking

Sumaliwati. Samenika kula sowan wonten

ngarsa panjenengan sinuwun, mboten sanes

namung sepisan kula nglamar idhep-idhep

ngarak.

54. Sumalidewa : Nglamar tur nggih ngarak.

55. Jalawalikrama : Inggih.

56. Sumalidewa : Punapa nggih pitados saestu yen badhe kawula

tampi.

57. Jalawalikrama : Kedah dipun tampi, kepareng kula boyong,

mboten kepareng inggih dinten punika ugi badhe

kula boyong dhateng Sunggela Manik. Badhe

kula ajak mukti ngawibawa wonten Negari

Sunggela Manik dados garwa padmi Prabu Jalawalikrama.

Oh…sinuwun kula aturi ngraosaken,

yen ta kang putra dados garwanipun

Prabu Jalawalikrama dipun timbang kemawon,

Negari Purwacarita punika negari alit, negari

mboten kondhang, negari mboten kuncara, liripun

makaten. Lajeng kang putra dados garwanipun

nalendra gung bhirawa ingkang handerbala,

ibarat Jalawalikrama punika nalendra

ingkang bantalan donya, kinepung bandha.

Cetha yen ta ingkang putra punika ibaratipun

kurung munggah lumbung. Kirang punapa Jala

Walikrama, pramila ampun ndadak kathah-kathah

ingkang dipun penggalih, ingkang putra

mugi enggala katimbalan supados sumerap piyambak

sepinten gagah ngganthenge Jalawalikrama.

Yen mangke sampun nyumerapi dhateng

kula, oh…. Sinuwun, mboten wande badhe

ngrangkul pepada, mboten ngangge dipun

tari malih sampun tamtu sumarah dhateng kekajengan

kula sinuwun.

58. Sumalidewa : Mangke rumiyin, mangke rumiyin sang prabu,

ndadosaken kawuningan. Ingkang badhe hanglampahi

menika sanes kula, nanging anak

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!