02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

412

king kiwa sinaretan katutup kayon, tancep paseban kiwa radi mlumah

(kaentha turu), kayon kaentas. Kalakirna medal saking tengen,

tancep siti inggil tengen. Gendhing suwuk lajeng bendhengan, nuli

ginem.

Ginem.

637. Kalakirna : Wah iki ana wong kepegelen, keturon iki.

638. Sumaliwati : Tobaat…, tulungana aku, sapa gelem nulungi

aku……

639. Kalakirna : Wooo…, ana kene iki swara tangis iki, mulane

kok nglayung-nglayung olehe nangis,

waah… dilebokna kancing gelung ngene, ya’

apa karepe ratu iki. Gak enak rasaku, mesthi

maling iki….

Gangsa mungel Ayak laras Slendro pathet Serang. Sumaliwati dipun

dal-aken saking kancing gelung, lajeng tancep siti inggil kiwa

sak ngajengipun Jalawalikrama ingkang nembe sare. Gendhing suwuk

lajeng ginem.

Ginem.

640. Sumaliwati : Ndika sinten kisanak…

641. Kalakirna : Wah…, iki…, Kalakirna jenengku ndhuk.

Awakmu iki sapa.

642. Sumaliwati : Aku Dewi Sumaliwati.

643. Kalakirna : Wah iiiki lek ngono sing tak goleki, iya gak

pangling aku, thekku biyen iki. Sumaliwati,

sliramu kok ana jroning kancing gelung iku

mau critane ya’ apa.

644. Sumaliwati : Aku dicolong karo Nalendra Sunggela Manik

Prabu Jalawalikrama, aku tulungana ya Kalakirna…

645. Kalakirna : Aku gelem nulungi, tapi opahe apa ndhuk....

646. Sumaliwati : Karepmu njaluk apa..

647. Kalakirna : Ah… jane aku gak pangling karo sliramu.

Apa gak eling nalika jaman semana, sliramu

ki dadi bojoku lho ndhuk….

648. Sumaliwati : Iya sejatine aku ora pangling. Eling jaman

semana….

649. Kalakirna : Lho…, wis tenger-tengeran rek…cocog iki

wis. Ha nek ngono Kalakirna bisa angreksa

marang garwane biyen. Mula dina iki seksenana,

Bethara Guru ya mesthi nyekseni

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!