02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

369

wedalaken saking kiwa, atur sembah nuli tancep paseban kiwa. Gending

kasirep lajeng janturan.

Pocapan

Hanenggih punika ta ingkang kinarya gempalaning kandha gelising

tiyang carita, nyariyosaken ingkang oncat saking Kraton Durjanapura.

Hanenggih ta punika atmajanipun Sang Prabu Berjanggalawa,

Raden Berjanggapati kekasihe. Satriya bagus ibarat tanpa cacad

pantes yen ta dadya putra Nalendra Durjanapura, pantes yen ta putra

wayah Sri Bathara Rama. Yen angendika arum manis wicarane

andarbeni rasa tresna mring sapadha-padha, mula ora mokal yen ta

Semar dhahat tresnane kaliyan sang bendara Raden Berjanggapati.

Kadherekaken Semar Bujagati, Bagong, lan Besut. Yen ta Semar

ora bisa mbudidaya mrih bendara enggal paring dhawuh kaya-kaya

ora pantes awit Bathara Ismaya. Sem: peteng mar: padhang. Gawe

pepadhange swasana peteng, asung padhange wardaya ingkang

bendara. Kabyantu Bagong, Ba: be’ Gong: Gedhe. Gedhe tekade

akeh akale sugih budidayane. Besut minangka panakawan ora mokal

yen ta Berjanggapati tansah kagadhingan dewa manjalma, ana

kang mastani dewa kamanungsan. Dangu nggennya mendel kewala

Semar sigra angrumiyini matur wonten ngarsanipun bendara: ee . . .

ya’ apa nak bendaramu iki. . . .Bagong (Bg): kono ma. . . . aturana

ma . . ., Semar (Smr) : ee . . iya le . . .

Gendhing wudhar lajeng suwuk

Semar ura-ura

5 5 61-65 1 2 5 5-656516152 3 5-36

Mang ke ru miyin, nda ra ku la

6 1 2 2 2 2 2 2 2 2 1 1 1 3 21 1 1

Ndara kula berjanggapati, kembang biru munggwing pager

3 3 3 3 3 3 3 3 3 3 5-232 2 2

Mboten langkung yen enten lepate kang abdi

5 6 1 1 1 1 1 1 321 6-5

Mugia kersa paring panga pu - ra

Ginem.

220. Besut : Wah. . . . untung makdhe sik eling ya pak. . . .

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!