02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

370

221. Bagong : Lha iya. . . ya ma, masiya saiki akeh garapan,

ning sing klasik aja nganti lali. ya ma. . . .

222. Semar : ee . . . iya nak.

223. Bagong : rika isa nembang . . .

224. Semar : iya . . tapi gak oleh akeh-akeh . . . .

Lajeng tetembangan sak cekapipun

Ginem.

225. Semar : E . . . ae . .ae, den . . mboten ketang sapada

nggih niku wau ingkang kula aturaken. Mugi

saget nujuprana. . .

226. Bagong : Ma. . nujuprana iku apa ma. . . .

227. Semar : Iso gawe bungah rasane bendara le, ha wong

tuwa iku iso’e asung pitutur utawa asung pemut

marang bendara, yaiku dilewatna tembang

nak, supaya gampang ditampa le. .

228. Bagong : Kira-kira mandi pa gak ma, tetembangane.

229. Semar : Mandi le, wong tak barengi karo mantra kok . .

230. Bagong : Mantra apa ma.

231. Semar : Lho . . .wong tuwa ki sugih mantra le, lha nek

bendaramu ngene ae, tak rapalna aji sewu

eneng . . .

232. Bagong : Terus . . .

233. Semar : Meeeneng nak . . .

234. Bagong : Rak tambah meneng ma. . . koen iku.

235. Semar : Den . . . .

236. Berjanggapati : Semar, oo. . . wis sepuh nanging bisa gawe

pajaring rasaku Semar,o. . . nyata-nyata dewa

kamanungsan. Bisa gawe jampining rasa kang

lagi susah. Iki mau tembang apa.

237. Semar : Gendhing Jawatimuran tembange Angleng Surabaya.

Den, niku wau menggahe dirasakaken

ngemu pitedah, ngemu tuntunan. Ha wong tuwa

niku siyen yen nggulawenthah dhateng

sing nem-nem niku mboten dituturi kados tiyang

sakniki, ngaten . . .sageta mboten salah

tampa dipun tembangi.

238. Berjanggapati : Ngono ya . .

239. Semar : Inggih . .

240. Berjanggapati : O….kok ya pinter, ya… ya Semar gedhe panarimaku.

Minangka bebungah anggonmu nembang

iki mau, ana dhuwit sethithik kanggo sliramu.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!