02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

354

nyuwun pamit saha nyuwun tambahing pangestu.

92. Jalawalikrama : Aja kaya bocah, tak pangestoni sing ngati-ati

Patih Bramangkara.

93. Bramangkara : Sendika, mangestokaken dhawuh sinuwun.

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Wolu. Patih

Bramangkara kabedhol atur sembah nuli lumampah mangiwa.

Prabu Jalawalikrama kabedhol kaentas manginggil (mabur) lumampah

manengen. Sigeg kayon, tanda gantos papan, madyaning alunalun

Purwacarita. Patih Mangkupraja medal saking tengen kanthi asta

walangkerik, papagan lan patih Bramangkara saking kiwa kanthi

tangan walangkerik, ringgit sami tancep ing siti inggil tengen lan kiwa,

patih Bramangkara nuli capeng. Mujeni lan Mundu medal saking

kiwa nuli tancep paseban kiwa katata sak wingkingipun patih Bramangkara.

Gendhing suwuk kalajengaken bendhengan.

Bendhengan

2 2 2 2 2 2 2 2 2 6 1 2 2 2 6 16 6

Yana indrajit mara gelis, Pramudhita rimbagana

1 2 2 2 21 1 1 1 5 5 5 5 5 5 5 5 2 32 2

Nitih kreta manik maya, Ngayatana jemparing trimargana

2 3 5 5 5 5 1 65 5 1

Sigra lumepasing jemparing, O

Ginem.

94. Bramangkara : Lha dalah, ora pangling aku, yen ta iki Patih

Purwacarita Rekyana Patih Mangkupraja.

95. Bramangkara : Ya…. sliramu ora pangling karo aku. Kosok

baline aku ya ora lali karo sliramu natkala sliramu

sowan ana ngarsane bendaraku Prabu Sumalidewa.

Sliramu iki rak Patih Bramangkara.?

96. Bramangkara : Bener, bener apa kang dadi kandhamu.

97. Mangkupraja : Bramangkara ana paran.

98. Bramangkara : Ora ngonone. Sliramu anjog saka paseban

mrepegi aku sajak ana wigati.

99. Mangkupraja : Ngembun dhawuhe bendaraku Prabu Sumalidewa.

Nadyan dikaya ngapa bendaraku Dewi

Sumaliwati ora bakal kersa yen ta kagarwa dening

Prabu Jalawalikrama. Sapisan isih durung

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!