02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

334

9.4. Naskah Pertunjukan Wayang Semalam Suntuk gaya

Jawatimuran dalam cerita Resa Seputra

(nara Sumber: Ki Dalang Bambang Sugio, tahun 2004, di Gedung

Arstistika SMKN 9 Surabaya jalan Siwalankerto Permai I Surabaya.

Dalam rangka penyerapan materi jurusan seni Pedalangan)

Cak-ing pakeliran.

Jejer Negari Purwacarita

Buka rebab, mungel gendhing Gandakusuma laras Slendro pathet

Sepuluh. Wayang Semar lan Bagong kabedhol, kaseleh wonten ing

eblek tengen. Kayon kabedhol sesarengan, lampah lamba lajeng

lampah rangkep, alon kapisah pindha wenganing gapura, ngantos

dumugi pinggir, kayon kabeksa aken. Kayon katutup kanthi pethit ing

kayon manunggal, lajeng dipun pisah mangiwa-manengen, katancepaken

sesarengan wonten ing pinggir. Emban medal saking sisih

tengen mangiwa kanthi kabeksaaken lampah lamba lajeng rangkep,

katolehaken manengen nuli sembahan ambal kaping kalih lajeng

tancep ing paseban tengen. Wayang beksan utawi punggawa beksan

kawedalaken saking sisih kiwa manengen kanthi lampah lamba

lajeng rangkep, ringgit tancep nuli capeng lajeng gebes dawah gong.

Ringgit kabeksaaken lajeng sembahan, nuli tancep ing paseban

kiwa. Wayang punggawa angka kalih kawedalaken saking sisih kiwa

manengen kanthi lampah lamba lajeng rangkep, ringgit nuli sembahan

tancep wonten ing paseban kiwa sak wingkingipun punggawa

beksan. Putran kawedalaken (raden Sumalintana) saking sisih kiwa

manengen kanthi beksan nuli sembahan lajeng tancep ing paseban

tengen sak ngajengipun emban. Patih Mangkupraja kawedalaken saking

sisih kiwa manengen ing tengah nuli atur sembah lajeng tancep

ing paseban kiwa sak ngajengipun punggawa beksan radi majeng.

Gangsa kainggahaken utawi udar tanda sang prabu nedya miyos ing

pasewakan. Patih kebedhol nedya mapak rawuhipun nalendra, kanthi

lumampah manengen. Prabu Sumalidewa kawedalaken saking sisih

tengen asta sedakep kaderekaken patih mangkupraja. Sang prabu

tancep ing siti inggil tengen, patih tumoleh manengen lajeng atur

sembah. Patih tancep ing papan sakawit. Saksampunipun ringgit katata

kanthi teliti, gangsa kasirep kalajengaken Pelungan.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!