02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

384

sulaaa…

389. Kuswanalendra : Kaya ngapa Sumalintana…

390. Sumalintana : Raden wruhana, malah dhawuhe kanjeng rama,

sok sapa ae ingkang bisa ngundurna

Nalendra Sunggela Manik, ganjarane siji bakal

winisudha jumeneng nata ing Praja Purwacarita.

Angka loro bakal den dhaupna klawan

kakang mbok Dewi Sumaliwati.

391. Kuswanalendra : Lha...lak ngono-a, lek ngono tak tanggung.

Kari bandha nonton, bandha keplok, delengen

kaya ngapa kridhane Raden Kuswanalendra

mateni Prabu Jalawalikrama. Piiira

kadare Prabu Jalawalikrama, wong ratu angkara.

Aku putune Bethara Rama sing tautate

nyirnakna ratu Ngalengkadiraja Prabu Dasamuka,

nek aku nganti ora bisa nyirnakne ratu

angkara, ora ana gunane aku kondhang

putune Bathara Rama. Mundura.....Tuduhna

sepira gedhe cilike Prabu Jalawalikrama.

392. Sumalintana : Yen mangkono raden, aja ndadak kedaluwarsa

ayo dak kanthi menyang alun-alun

Purwacarita, papagen kridhane Jalawalikrama.

393. Kuswanalendra : Ohh…., kari bandha nonton, delengen kaya

ngapa anggonku mrawasa, mocok gulune

Jalawalikrama.

Gangsa mungel Ayak Kkempul Kerep laras Slendro pathet Sanga.

Ringgit sami bebidalan saking tengen mangiwa. Kayon kalampahaken

mangiwa manengen rambah kaping sepindah, tanda beda papan

panggenan. Kuswanalendra medal saking tengen kapapak Jalawalikrama

saking kiwa. Ringgit sami tancep ing siti inggil kanthi astha

walang kerik. Adep-adepan, gendhing suwuk, lajeng bendhengan.

Bendhengan

3 3 3 3 3 3 3 3 3 3

Dasamuka neran kapineran

1 2 3 3 1 21 1 1 1 1 1 3-2

Rikmanya kadya to ya kabendhana, O

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!