02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

410

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Sanga.

Ringgit sami bedholan lumampah manengen marak sowan dhateng

Bethara Guru. Sigeg kayon gantos ing khayangan Suralaya. Batara

Guru kawedalaken saking tengen nuli tancep siti inggil tengen. Kalakirna

medal saking kiwa, atur sembah nuli tancep paseban kiwa.

Gendhing suwuk lajeng bendhengan, nuli ginem.

Bendhengan

3 3 3 3 3 3

Sang Hyang mayang dewa

3 3 32 2 6 6 6 6 6 3 53 3

tumuruna titi sonya tengah wengi

1 2 3 3 3 3 3 3 1 21 1

nyeksenana tangkepe pra pandhawa

Ginem.

623. Batara Guru : Kalakirna..

624. Kalakirna : Wonten dhawuh pukulun, sampun nyumurupi

nami kula.

625. Batara Guru : Miturut ature Kakang Narada jeneng kita

arep nyuwun Bethari Sri.

626. Kalakirna : Pukulun sampun mangertos raos kula.

627. Batara Guru : Iya Kalakirna, ulun mangerteni mungguh sejatine

karep kita iki apa. Sepisan kepingin

ilange penyakit kang mbok sandhang. Bab

iku jeneng kita kudu nrima Kalakirna, kaping

pira jeneng kita gawe pepati duk natkala jaman

Subali, wong utama mbok prawasa awit

jeneng kita nuruti karepe murid kita nalika

samana Nalendra Ngalengkadiraja Dasamuka.

Arjunawijaya iku ora dosa perkara, hambege

nalendra kang utama malah mbok prawasa

nuruti wadulane muridmu si Dasamuka.

Eling….

628. Kalakirna : Inggih pukulun.

629. Batara Guru : Mula jeneng kita saiki kepingin waluya temah

jati, jati temah nirmala saka memala kang kita

sandhang, lan bali ketemu maneh karo sisihanmu

Dewi Widawati, jeneng kita kudu

utang sepisan maneh….

630. Kalakirna : Utang…..?? utang napa pukulun.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!