02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

392

465. Sumaliwati : Ya bener, nanging biyung, nek aku ora gelem

Negara Purwacarita arep dijarah rayah

dening Prabu Jalawalikrama.

466. Emban : Nggih…. nanging pun kuwatos, menawi bendara

ayu mboten kersa dipun boyong dhateng

Negari Sunggela Manik inggih sampun

ndara ayu, kula nggih ndherek prihatin. Mugi-mugi

Gusti ingkang Maha Agung enggal

paring jodho dhumateng bendara kula ayu

ingkang saget paring pangayoman kalih bendara

ayu, gusti kula Dewi Sumaliwati.

467. Sumaliwati : Ngono ya biyung.

468. Emban : Inggih ndara……….. Oo…..

Kalajengaken pocapan kairing gadhingan, sinaretan ngedalaken Jalawalikrama

saking nginggil kiwa (kaentha ngungak-ungak) saking

dirgantara.

Pocapan

Eca nggennya sami rerembagan putri Purwacarita kusumaning ayu

Ni Dewi Sumaliwati. Datan kraos anggennya samya rerembagan den

tingali saking gegana dening Prabu Jalawalikrama, ing raos semune

ngudarasa Jalawalikrama: “Oo…. Iki Dewi Sumaliwati, wah… nyata

ayu temenan memba widadari ngejawantah. Wah….. yen ta kaya

mangkene apa gunane aku pancabakah karo wadya bala Purwacarita

apadene srayane Prabu Sumalidewa”. Niyub saka dirgantara Sumaliwati

den candhak wani, kabeta mabur ing gegana.

Gangsa mungel Alap-alapan laras Slendro pathet Sanga. Dewi Sumaliwati

kadhusta prabu Jalawalikrama kabeta mabur. Gendhing suwuk

lajeng emban tancep paseban tengah marep mangiwa, ngudarasa.

Ngudarasa.

469. Emban : Duuhh…. ketiwasan ora wurungan bakal

nampa pidana saka bendaraku Sumalidewa.

Sinuwun..ketiwasan sinuwuunn…

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Sanga.

Emban kabedhol kaentas manengen marak sowan prabu Sumalidewa.

Sigeg kayon, jejer candakan kraton Purwacarita. Prabu Sumali-

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!