02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

350

abdi kala wau kados-kados datan saranta yen

ta mirengaken ucap-ucap saking nalendra

angkara Sang Prabu Jalawalikrama.

69. Sumalidewa : Patih, aja disaranani amung tosing balung kandele

kulit. Wruhana adu karosan isih unggul

adu weninging rasa. Lambarana sarana weninge

batin ya yayi. Sing dak kuwatiri Prabu Jalawalikrama

iki mokal yen ora nalendra kang

digdaya. Jala Walikrama iki mokal yen ta ora

pilih ing tandhinge, yen ta ndeleng katuranggan

apadene ucape. Mula yayi yen pancene

sliramu prasetya marang panjenenganingsun,

suka, rila, legawa kanggo nusa lan bangsamu

ing Negara Purwacarita, ngayomi marang para

warga. Metua njaba, adhepana Prabu Jalawalikrama,

ketapna para wadya bala. Sabisa-bisa

aturana pangemut yen bisa aja nganti ana

panca bakah, sokur bage yen Prabu Jalawalikrama

banjur bisa nampa aturmu kersa kondur

marang negarane.

70. Mangkupraja : Mekaten sinuwun…

71. Sumalidewa : Ya…

72. Mangkupraja : Menawi mboten purun wangsul dhateng negarinipun..

73. Sumalidewa : Dosa lara ngideni, dosa pati ora nglilani, awit

iku tamu ya yayi. Tamu wajib dikurmati, aja

nganti dilarani rasane.

74. Mangkupraja : Mekaten ngestokaken dhawuh sinuwun.

75. Sumalidewa : Ya patih….

76. Mangkupraja : Namung pangestunipun sinuwun ingkang kula

suwun.

77. Sumalidewa : Tak pangestoni aja kaya bocah cilik, sing waspada

aja tinggal kaprayitnan, tak rewangi meminta

ana ngarsane gusti muga paring pangayoman

marang bangsa Purwacarita. Bisa

ayem, ayom aja nganti ana rubeda, yayi patih.

78. Mangkupraja : Inggih mugi mekaten sinuwun

Pocapan

Paripurna anggenipun paring dhawuh Sang Prabu Sumalidewa sigra

jengkar saking palenggahan ngagem gamparan bungkul kencana arsa

kondur hangedhaton. Minggah sanggar pamujabrata meminta

dhateng dewa ingkang Murbeng Kawasa. Rehdene enggal kewala

wonten nalendra Sunggela Manik ingkang badhe ngrisak tatanan negari.

Sekeling penggalih pramila nggennya lumaksana sakedhap sa-

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!