02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

402

la jamane Nagara Rogastina garwanipun Subalinata. Pramila saka

adrenging tyas den sengkakaken nggennya lumaksana, sakedhap

netra sampun ngancik Setra Gandamayit.

Pocapan

Kang kinarya sambeting carita nenggih Pasetran Gandamayit, sajuganing

papan minangka setranipun para jin setan peri prayangan

engklek-engklek balung atandak ililu banaspati, jrangkong warudoyong,

gembil lan janggitan. Ora mokal lamunta papan ingkang gawat

kaliwat angker kepati-pati bebasan sato mara sato mati jalma mara

jalma keplayu. Ingkang kinarya tetungguling para peri prayangan,

nenggih Bathari Durga ya Bathari Premoni, pramila ageng pangaribawanipun,

wenang rusak datan wenang rinusak, wenang gawe datan

wenang ginawe, mapan maksih garwane sang Hyang Jagad Giripati.

Lenggah wonten ing bale wewangunan sinebo para bajobarat,

detya kala Jaramaya, Jarameya, Padumeya, Jurumeya hanjrah

ngantos dumugi imba-imbaning pasewakan. Dereng watawis dangu

kasaru sowane kalakirna ingkang sampun pikantuk aji cenda, mangkana

Bathari Durga sigra ngrukmeng driya mangudasmaraning driya.

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Sanga.

Kayon kalampahaken mangiwa dalah manengen kawalik lajeng tancep

paseban tengen, tanda menawi papan kahyangan. Kalakirna kalampahaken

saking kiwa manengen sarambahan. Gendhing suwuk

sesarengan lampahe Kalakirna, lajeng pocapan.

Ginem.

549. Durag : Yektine ulun wus angerteni dene jeneng kita

kalakirna wus antuk kanugrahan wujud aji

cenda, ingkang saka iku muga jeneng kita

bisa hanjaga sarta ngrumpaka marang aji

cenda kang awujud buta bajang.

550. Kalakirna : Kawula nuwun inggih pukulun, kula tansah

ngestokaken dawuh paduka pukulun.

551. Durga : Banjur samengko apa kang kita sedya sakteruse.

552. Kalakirna : Ingkang kula sedya, nedya sowan ngersanipun

pukulun Bathara Guru, mila kepareng

kula nyuwun idi pangestu paduka pukulun.

553. Durga : Kalakirna iya, tak pangestoni muga kasembadan

apa kang kita sedya.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!