02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

340

ti kula sang prabu Sumalidewa, kula cadhong

asta kula kalih kacencang pucaking rambut,

sumampir pundhak manjing jasat sanubari.

Mugi saget amimbuhi teguh yuwananipun ingkang

abdi Rekyana Patih Mangkupraja. Sinuwun,

kula noknon sinuwun…nuwun.

5. Sumalidewa : Padha becik sowanira ana ngarsaningsun, Patih

Mangkupraja.

6. Mangkupraja : Kawula noknon inggih kados niskala anggen

kula marak wonten ngarsa dalem sinuwun,

sumawana para akrab ing dalem kepatihan sami

winantu ing tata karahayon, sinuwun, kawula

nuwun sinuwun.

7. Sumalidewa : Sokur mangayu bagya, sokur bage yayi patih,

hamimbuhi padhange rasaningsun karaharjane

ing dalem kepatihan kaya pada karo jroning

Kraton Purwacarita. Ndungkap kang kapindho

ingsun mundhut pawartane praja, yayi patih

Mangkupraja, kadiparan swasanane Negara

Purwacarita ing dina kalungguhan samengko

patih……O..

8. Mangkupraja : Kawula noknon inggih sinuwun, yen ta panjenengan

dalem kepareng mundhut pawartos

swasana Negari Purwacarita ing kalenggahan

mangke, saget kawula aturaken gesangipun

para warga datan wonten ingkang kuciwa, tansah

sumuyut wonten ngarsa dalem, minggahipun

dhateng para nayaka praja mboten wonten

ingkang mbalela, keblat Purwacarita saget

kula aturaken ing ngarsa, wiwit wetan, kilen, kidul,

ler, tepung gelang swasananipun tentrem

sinuwun..

9. Sumalidewa : Sokur…., sokur mangayu bagya, sokur bage,

sangsaya ndadekaken padhange pamikiraningsun,

bombonge rasaningsun gedhe ing

panarimaningsun marang jeneng sira, minangka

dadi warangkaningsun jeneng sira bisa

nglestarekake Negari Purwacarita tumuju marang

ayem, ayom, ageng, lan agunge swasana

praja yayi patih…

10. Mangkupraja : Kawula noknon nun inggih sinuwun, sadaya

kala wau kula tindakaken inggih awit awrat

anggenipun ingkang abdi netepi jejibahan minangka

pepatih negari. Pugut sungkemipun

kang abdi, yen sampun nilar bebrayan. Sinuwun

ing kalenggahan mangke ingkang abdi

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!