02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

382

Ginem.

362. Kuswanalendra : O....lha dalah. Durung adoh nggonku maku,

iki sapa iki. Satriya sabarak karo aku. Yen

ndeleng panganggo sing mbok agem kaya

dudu patrape wong sudra sliramu.

363. Sumalintana : Nuwun sewu raden, yen raden tambuh karo

aku, aku putra saka Negara Purwacarita atmajane

kanjeng rama Prabu Sumalidewa,

aku Raden Sumalintana.

364. Kuswanalendra : Oo… putra Purwacarita, Sumalintana kekasihmu.

365. Sumalintana : Iya raden, muga kersoa nepungna dhiri sapa

raden taruna, sarta saka ngendi pinangkamu.

366. Kuswanalendra : Aku Putra Durjanapura, putrane kanjeng rama

Prabu Berjanggalawa, Raden Kuswanalendra

aranku.

367. Sumalintana : Sing mburi sapa.

368. Kuswanalendra : Adhiku, Raden Berjanggapati.

369. Sumalintana : Berjanggapati, tepungna aku Raden Sumalintana.

370. Berjanggapati : Inggih raden, kula pun Berjanggapati. Dene

ngantos keraya-raya pinanggih kula kaliyan

kakang Kuswa wonten madyaning wana punika,

badhe mengku karsa punapa……

371. Sumalintana : Iya raden sakarone, malah tiwas kebeneran

mbok menawa iki bakal bisa gawe pepadhange

Negara Purwacarita. Ngene Kuswa, yektine

Nengaraku ing dina iki katempuh ing satru

jaya parangmuka Nalendra Gung saka

Negara Sunggela Manik, Prabu Jalawalikrama.

Negaraku arep niyat di enggo sungsang

bawana balik. Para wadya bala akeh sing

padha kapracondhang siji ae ora ana kang

bisa ngasorake.

372. Kuswanalendra : Alon dhisik, negaramu dijarah rayah dening

Prabu Jalawalikrama iku nalare yo’apa….

373. Sumalintana : Jalawalikrama ngersakake sedulurku tuwa

kakangmbok Sumaliwati. Nanging kangmbok

durung gelem winengku dening priya. Niyate

rinoyok rosa rinebut wani ndadekna pancakara

ing antarane wadya Purwacarita klawan

Sunggela Manik. Ning wadyabala Purwacarita

kabeh padha kasoring jurit kalindih ing perang.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!