02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

345

41. Sumalidewa : He… tobat, iya patih, muga cocog karo prasetyamu,

negara Purwacarita bisaa ayem tentrem

ora ana apa-apa lan muga Prabu Jalawalikrama

bisaa nampa apa sing dadi kersaningsun.

O…

Pocapan Tekane Tamu

Wauta mangkana Sang Prabu Sumalidewa anggenipun wawan rembang

kaliyan Rekyana Patih Mangkupraja. Ngibarat mucang dereng

abrit, ngidu dereng tumiba ing paidon kencana, kasaru geger njawi…..

O.., gegere njawimiyaking pambarisan ing pangurakan, sinten

ta ingkang arsa sowan tanpa katimbalan. Arsa seba tanpa sabawa

kanthi myak lampit mandhala giri trantanan pundhak yot-yotan pupu

nyandhung epok galeyah-galeyah minggah paseban. Punika ta praptane

nalendra Sunggela Manik. Umyaking para wadiya bala….

Mungel gendhing Gedhog Tamu laras Slendro pathet Wolu, praptane

nalendra Sunggelamanik. Patih Mangkupraja kaentas lajeng sembahan

nuli mundur mangiwa arsa mapak tamu. Prabu Jalawalikrama

nalendra saking Sunggelamanik kawedalaken saking sisih kiwa manengen

kanthi kabeksaaken, ringgit nuli tancep siti inggil kiwa. Patih

kawedalaken saking sisih kiwa, atur sembah nuli tancep ing paseban

sisih tengen sak wingkingipun raden Sumalintana. Gending sirep lajeng

kajantur.

Janturan Tamu

Gleyah-gleyah nggennya lumampah minggah paseban agung, punika

ta warnanipun nalendra saking Negari Sunggela Manik jejuluk

sang Prabu Jalawalikrama. Gagah prakosa gung birawa rinengga

busana kaprabon sangsaya gawe cakrak bregas kebak prabawa yen

ta kacandra wandane Sang Prabu Jalawalikrama trawaca yen ta nalendra

tedhak braham, tansah ngegung-ngegungaken watak angkara.

Punapa ingkang dados wigatosipun tebih saking Negari Sunggela

Manik prapteng Purwacarita, dereng kaaturaken, mendel ing ndalem

sawetawis. Kagyat Sang Prabu Sumalidewa nampi rawuhe tiyang

agung Sunggela Manik, awit dereng nate tetepungan pramila enggal

kaaturan rawuhipun nalendra saking Sunggela Manik.

Gendhing Udhar, suwuking gendhing lajeng ginem.

Ginem.

42. Sumalidewa : Nuwun-nuwun mangke, yen ta kula tingali saking

busana sampun cetha yen ta panjene-

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!