02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

338

Datan kantun sowaning para wadya bala wiwit mantri bupati,

para prajrit, hulubalang, senapati perang, katingal andher wonten

paseban ngantos prapteng pangurakan, ibarat tanpa sela sowaning

para kadang santana. Dene ingkang marak sowan wonten sak wingkingipun

sang prabu nenggih punika putra ingkang angka kalih kekasih

Raden Sumalintana. Satriya bagus cakrak bregas, angrantos

dhawuhipun ingkang rama dipun rencangi sawetara datan obah datan

polah pindha tugu waja sinukarta namung sajuga ingkang karantos

dhawuhipun ingkang rama.

Kenging daya prabawaning Sang Prabu Sumalidewa swasana

rep sidhem premanem ibarat tan ana sabawaning walang ngalisik

amung ing njawining paseban kapyarsa ocehing kukila ingkang

wonten ing pucaking wit gurdha binarung larasing gamelan kraton

miwah sesendhonane para widuwati, manganyut-anyut jiwa swaraning

tansaya ndadosaken ngesing swasana ing paseban yen ta cinandra

tansaya dangu tansaya asri. O…..

Asrining paseban datan kados Sang Prabu Sumalidewa kaadhep

dening gunging para kadang santana mboten enggal paring

dhawuh, sawetawis mendel wonten ing kursi gadhing kanthi nekep

jaja nggeget lathi, sakedhap-sakedhap unjal ambegan mratelakaken

yen ta Sang Prabu Sumalidewa wonten ingkang dipun eningaken ing

salebeting guwa parikena, nanging dereng kawijil, dereng kababar,

ndadosaken gugup bingunging ingkang lagya marak awit mboten kados

adat ingkang sampun.

Ing kalenggahan mangke Sang Prabu Sumalidewa katingal

surem ponang wadana, kados ical prabawane, kados pusaka ilang

pamore. Pramila satunggal kewala mboten wonten ingkang wantun

ngrumiyini matur, amung jawil-jinawil mring kanca rowangira. Sareng

enget yenta lagya kaadhep gunging para santana miwah para abdi,

sigra sang prabu arsa ngersakaken imbal pangandikan, andangu kalayan

ingkang lagya seba utaminipun Rekyana Patih Mangkupraja.

Purwaning pangandika yenta kapyarsa alus ning mawa daya

perbawa, cinandra pindha tirta ingkang kasiliring samirana. Gelising

kandha kaya mangkana wedharing dhawuh ingkang arsa kawijiling

lesan.

Gendhing Udhar, Suwuking Gendhing Lajeng Sendhon Laras Slendro

Pathet Sepuluh, Kalajengaken Ginem. Jroning Ginem Sedaya

Ringgit Tansah Nanduaken Asta (Kumlawe) Manut Tata Pernah Utawi

Udanegaraipun Ringgit, Conto: Menawi Juragan Ingkang Dawuh

Nanduaken Asta Cekap Asta Setunggal Ingkang Ngajeng, Menawi

Abdi ingkang Matur, Kedah Nandukaken Tangan Kanti Tangan Kalih.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!