02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

336

5 5 5 5 53 3 3 3 2 2 2 21 1 (kpl-1)

Kempul pandu – dut – ing a-ti, Gong sekar dli – ma

2 2 2 2 2 2 2 2 21 6 (ktk)

Ya-na pra-dang-ga – pra-dang-ga pu - tra

5 6 1 1 1 1 3 2 165 5 (Gong)

Wa-rang-ga-na saking su-ra – la – ya

Sak telase pelungan, gangsa kasirep kalajengaken janturan.

Janturan Negari Purwacarita

Anenggih sinigeg ing swuh rep data pitana sekaring bawana

langgeng. Tiyang ngringgit sedalu mangke nggelar kandha purwa,

nggelar jaman purbakala. Pundi ta ingkang minangka purwakaning

kandha. Anenggih punika ta gelaring Negari Purwacarita.

Swuh wa eka adi dasa purwa. Wa pangaraning wadah, eka

marang sawiji, adi linuwih, dasa Sepuluh purwa wiwitaning kandha.

Sapta raja sasra bawana mindra. Sapta pitu raja ratu sasra sewu bawana

jagad, mindra mider. Midera sajagat rat pramudhita, sanadyan

ta kathah titahing dewa ingkang kaungkulan ing akasa kasangga ing

pratiwi kaapit ing samodra, nanging candranipun datan kadya ing

Negari Purwacarita. Bebasan njajaha sewu negara tan wonten sedasa

ngupaya-a satus tan ganep kalih. Dhasar candrane Negari Purwacarita

negari ingkang panjang punjung loh jinawi gemah ripah tata

kerta tur raharja. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane,

pasir samodra wukir gunung.

Nyata Negari Purwacarita negari ingkang nengenaken pasabinan

ngeringaken tegalan, ngungkuraken pagunungan tur mangku

bandaran ageng. Loh tulus kang sarwa tinandur, jinawi murah

kang sarwa tinuku. Swasana negari mirah boga lan busana, liripun

murah sandhang klawan pangan, ngibarat datan wonten para warga

ingkang dhahar kirang, nyandhang cingkrang, tandha yen gesangipun

sarwa kacekapan. Ingkang wonten karang padesan samya sayuk

saeka praya anggenipun mangun karukunan, remen tuntun tinuntunan,

daya dinayan, mad sinamadan, tandha yen ing Negari

Purwacarita datan wonten warga ingkang remen cecongkrahan. Dene

gemah lampahipun para warga ingkang lumampah dedagangan,

dagang alit, dagang ageng sanadyanta dagang lelayaran, siyang

pantaraning ratri ndlidir tan ana pedhote, tan ana rubeda ing dedalan.

Aman sentosa swasananing praja apa ta tandhane. Wanci dalu

tan ana kori ingkang cinengkal lamun rahina tan ana rajakaya ingkang

kinandhangan. Samya gelar sepapan wonten ing papan pango-

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!