02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

414

gulune, kagigit pedhoting gurung njrebabah ndhepani bantala den tekakna

jaman rat pengadhilan, kombul ponang sukma.

Gangsa mungel Alap-alapan laras Slendro pathet Serang. Ringgit

perang malih, lena Jalawalikrama dipun gigit dening Kalakirna pejah

saknalika. Jalawalikrama tancep paseban kiwa mlumah (kaentha pejah)

Kalakirna tancep siti inggil tengen. Medal sesarengan saking

anggane Jalawalikrama lan Kalakirna (Jalawalikrama=Sugriwa, Kalakirna=Subali).

Sugriwa lan Subali kaentha sami nggegana. Gendhing

suwuk lajeng ginem.

Ginem.

659. Sugriwa : Oh… ya, ya. Apa kakang pangling karo aku.

660. Subali : Aku ora pangling karo rika nadyan aku wus

manunggal klawan ragane Reksa Saputra ya

Kalakirna.

661. Sugriwa : Saiki aku mbok prawasa, titenana mbesuk

kakang, aku bakal males marang kakang Subali.

Titi mangsa yen mbesuk ana bocah

nom-noman sing wani karo maratuwane ya

iku aku kakang…wis kariya slamet kakang....

Gangsa mungel Alap-alapan laras Slendro pathet Serang. Sugriwa

kalampahaken mangiwa, Subali wangsul dateng anggane Kalakirna.

Jalawalikrama ingkang awujud bangke kaentas mangiwa sinaretan

katutup kayon. Sumaliwati medal saking tengen nuli tancep siti inggil

kiwa marep manengen. Gendhing suwuk lajeng ginem.

Ginem.

662. Kalakirna : Wis kelakon sirna Prabu Jalawalikrama.

663. Sumaliwati : Menawi mekaten mangga kula dherekaken

marak sowan ing ngarsa rama Prabu Sumalidewa.

664. Kalakirna : Yen kaya mangkono ayo dak tutne lakumu

wong ayu….

Gangsa mungel Ayak Slendro pathet Serang. Ringgit sami kalampahaken

mangiwa bidhal dhateng Purwacarita. Sigeg kayon gantos

papan. Kalakirna kawedalaken saking tengen papakan lan Kuswanalendra,

Kalakirna tancep siti inggil tengen, Kuswa tancep siti inggil kiwa,

Sumaliwati medal saking tengen nuli tancep siti inggil tengen sak

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!