02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

407

nanggih jeneng kita sakloron. Repatkepanasan

ana manungsa, titah Nayomarcapada

arep nembing Suralaya, apa maneh kang

aran Kalakirna arep njaluk widadari, arep

nglamar widadari.

584. Wisnu : Ingkang dipun kajengaken widadari sinten

wa....

585. Narada : Garwamu Sri Widawati ngger. Ha.., Wisnu,

Sri Widowati bakal rinoyok rosa rinebut wani

karo Kalakirna.

586. Wisnu : Kurang ajar. Kula ingkang badhe ngunduraken

pun Kalakirna.

587. Narada : Woo, sing ati-ati ngger…

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Sanga.

Wisnu kepanggih Kalakirna. Wisnu tancep siti inggil tengen, Kalakirna

tancep siti inggil kiwa. Gendhing suwuk lajeng ginem.

Ginem.

588. Wisnu : Apa sliramu kang aran Kalakirna.

589. Kalakirna : Yaa, iki dewa sapa iki…

590. Wisnu : Macan Engyang Suralaya, Bathara Wisnu.

591. Kalakirna : Sing mburi…

592. Basuki : Aku Bathara Basuki.

593. Kalakirna : Woo…, Wisnu karo Basuki. Ana apa Nu…

594. Wisnu : Apa bener sliramu arep nglamar widadari

Dewi Sri Widowati.

595. Kalakirna : Wah iyo Nu…., jarene Sri Widowati iku yahmana-yahmene

tansah dadi rebutan. Ha

sakiki karepku dewa iki welasa karo aku. Kejaba

ngilangi penyakitku mbok aku lilanana

duwe bojo widadari.

596. Wisnu : Sri Widawati iku Bojoku, Garwane Bathara

Wisnu…..

597. Kalakirna : Wa…., lilakna Nu…, bojomu aku sing nduwe

Nu ya….

598. Wisnu : Kurangajar…., Kalakirna…

599. Kalakirna : Ana paran.

600. Wisnu : Iso methik sekar Nilawindu Dewi Widawati

yen wis bedhah dhadhane Bethara Wisnu.

601. Kalakirna : Lek ngono tak leboni sayembaramu.

602. Wisnu : Suwe mijet wohing ranti aku nggawe patimu.

603. Kalakirna : Yooh…, tak ayoni budimu.

604. Wisnu : Kakang ngatos-atos kakang.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!